Selasa, 15 September 2015

Pidato dan Berita Bahasa Jawa



 Pidato Bahasa Jawa : Kemerdekaan 17 Agustus

Halaman 1 dari 1Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Poro rawu sedoyo ingkang kulo hormati.
Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersa-nipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun arupi sehat badan, lan nikmat ingkang langkung niku inggih meniko arupi nikmat kemerdekaan bangsa Indonesia. Lan dinten niki kito sedoyo ngengeti dinten ulang tahunipun ingkang kaping;…70 taun…Mugiyo bangsa Indonesia niki langkung jaya lan raos tenterem, adil lan makmur.
Shalawat lan salam mugiyo tetep dipun paringaken dumateng nabi kito Muhammad saw., keluarganipun, poro sahabatipun, ugi kaum muslimin sedoyo ingkang estu-estu purun ngelampahi ajaran-ajaran Islam ing dalem gesangipun. Mugi-mugiyo kito sedoyo dados umat beliau ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti leres lan estu-estu ing dalem gesang niki.
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kito sedoyo raos syukur ateges ngelampahi nopo ingkang sampun dipun paringaken bangsa Indonesia arupi kemerdekaan niki. Kito sedoyo selaku generasi ingkang nerusaken perjuanganipun, monggo kito isi kemerdekaan niki kelawan pinten-pinten kegiatan ingkang saget menunjang kualitas kito sedoyo ing antawisipun inggih meniko arupi nggiatno lan sregep anggenipun belajar lan lintu-lintunipun.
Lan kito sedoyo sampun sumerap, mbok beleh saben tahun kito tepatipun wulan Agustus ngengeti dinten ulang tahunipun. Sedoyo niku ngerupekaken kangge ngenang malih peristiwa lan pinten-pinten kedadosan wakdal semanten. Semanten ugi kito dados tiyang Islam ngerupekaken kewajiban nggali pinten-pinten nikmat ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo lan ugi dumateng sedoyo bangsa Indonesia.
Nikmat arupi kemerdekaan ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo khususipun lan sedoyo bangsa-bangsa Indonesia umumipun niku ngerupekaken setunggaling nikmat ingkang paling ageng selaku bangsa Indonesia. Saking niku kemerdekaan meniko kedah estu-estu kito sedoyo syukuri. Keranten saget kito sedoyo raosaken ngantos nyogoh-nyogoh lan putu lan ugi dateng sakterusipun. Kados dawuhipun Allah inggih meniko artosipun :
“Menawi kito sedoyo gelem syukur atas nikmat-nikmat Allah, mongko ditambahi dening Allah. Lan ananging menawi kito niku ingkar nikmat-nikmat Allah, mongko kito bakal angsal adzabipun Allah ingkang langsung Maha Dahsyat.”
Poro rawu sedoyo ingkang kulo hormati.
Kito kedah nyumerapi, Allah swt. nyiptakaken menungso wonten ing dunyo niki supoyo mados sangu ing kemerdekaan lan kebebasanipun niku boten wonten lintu supados dados umat ingkang bertakwa ingkang purun ngajak dumateng kesahenan. merintah marang ingkang sahe lan nyegah saking keawonan. Milo saking niku, insya Allah kelawan ngelampahi kados niku negari bade langkung cepet nuju ingkang dipun cita-cita-aken dados negari ingkang aman lan tenterem, adil lan makmur sedoyo masyarakatipun. Kados dawuhipun Allah swt. wonten Al Qur’an. serat Al A’raaf, ayat 96, ingkang artosipun :
“Lan Lamon penduduk deso utowo negoro iku podho iman lan takwa marang Allah, Allah bakal nurunaken berkah (rizeki songko langit lan bumi, nanging menowo penduduk deso mahu podho durhoko, ngelakoni lelampahan maksiyat, lan ngelakoni lelampahan-lelampahan doso, Allah bakal nurunaken sikso marang penduduk mahu, koyo mengkono iku keran-ten lelampahanipun deweke kabeh.”
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Mugiyo kito sedoyo saget ngisi kemerdekaan niki kelawan kesahenan. Akhirul Kalaam. Wassalamu’alaikum Warahma-tullahi Wabarakaatuh.


Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan Mei tahun ;…….
Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane nabi saw. ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun :
“Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.”
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.
Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
KACILAKAN MONTOR MABUR ING MAGETAN

Durung suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing padha nemahi kacilakan ing mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ana rong sasi kabar mau, lha kok kasusul maneh kedadeyan montor mabur tiba durung suwe iki, pase ing desa Geplak, Kecamatan Karas, Magetan, Jawa Timur rikala dina Rebo esuk kira-kira jam setengah pitu ing tanggal 20 Mei 2009, nalika bangsa Indonesia mengeti Hari Kebangkitan Nasional. Montor mabur kang tiba lan kobong mau duweke TNI AU jinis Hercules C-130 nomere A-1325. Miturut pawarta saka layang kabar lan tivi, montor mabur kasebut budhal saka pangkalan Lapangan Udara Halim Perdanakusuma Jakarta lan arep tumuju dhaerah Biak, Papua. Nanging durung nganti tekan papan kang tumuju, lan nalika arep mampir ing Lapangan Udara Iswahyudi Madiun montor mabur kasebut nemahi kacilakan.
Malah ing kedadeyan iki, luwih saka wong satus nemahi tiwas klebu warga desa sing omahe melu kenteban montor mabur kasebut. Saliyane iku, ana wong 15 kang uga melu nandhang tatu abot lan entheng. Dene omah-omah ing desa kasebut sing kenteban lan ndadekake remuk lan kobonge udakara patang omah. Ana sing ajur mumur lan ana sing payone remuk tanpa sisa. Kanthi anane kacilakan montor mabur duweke TNI AU kasebut mesthi wae ndadekake warga ing sacedhake pangkalan mau dadi padha jinja. Ing atase ora ngerti apa-apa, ngerti-ngerti ketiban sial.
Sing cetha kacilakan Hercules C-130 duweke TNI AU mau nambahi tansaya akeh dhaftar kacilakan montor mabur duweke TNI AU. Pancen akeh sing kandha yen sejatine montor mabur-montor mabur duweke negara mau akeh sing wis padha tuwa lan kudu diganti. Nanging gandheng kanthi alesan anggaran ora nyukupi, kepeksa montor mabur tuwa isih tetep digunakake kanggo ngangkut wong lan barang-barang liyane. Apa ya pancen kacilakan mau bener-bener amarga saka umure montor mabur sing wis tuwa utawa saka sebab liyane? Ditunggu wae asil saka katrangane pamarintah bab sebab-musababe kacilakan montor mabur kasebut.



Kirangen toya (11/10) Jambul Rt 02 Rw 01 Ganggeng Purworejo
PURWOREJO - sedasaan hektare sabin ing Desa Jambul, kecamatan Ganggang ngalami kekirangan banyu amargi ora ulih pasokan banyu. Petani kuwatir produksi mbako bakal keganggu pertumbuhan taneman menika. Menawi mboten wonten banyu, ananging nanem mbako menika menawi katah toya inggih mboten sae, dados godong mbako kasebut katah hamanipun. Hama sing ngrusak godong mbako niku katah.
Akhmad Tohari Ambar, kepala desa ing desa Ganggang ngendika, sing sampun njabat dados kepala desa suwene kanthi 8 taun menika sampun apal kalih masyarakate sapa wae sing nanem palawija, pantun, lan mbako. Bapak ingkang ramah menika ngendika yen ing desa Jambul mayoritas pendudukipun, makaryo wonten ing sabin. Taneman palawija kasebut wonten terong, lombok, lan jendral (budin).
Wonten ingkang nanem pantun, nanging ingkang utama menika nanem mbako. Lan bibit mbako menika asalipun tumbas piyambak. Tumbasipun wonten ing Soka (nggon adol bibit palawija), ana uga sing langsung ndeder piyambak. Nanem mbako menika kasile lumayan akeh. Mbako menika sampun saged dipun panen, menawi sampun umur 80 – 90 dinten.
“Desa jambul inggih kekirangan banyu, namung kangge pengairan wonten sabin, menawi kanggo kebutuhan sedinten – dinten menika inggih Alhamdulillah mboten kekirangan”, ngendikane Ahmad Tohari, Jambul Purworejo, kemis(10/12).
Akhmad Tohari, ngendika yen ing desa Ganggeng menika, nalika kekirangan toya, masyarakat menika inggih usaha piyambak - piyambak. Pemerintah dereng nderek campur tangan ngenani bab kekirangan toya wonten ngriki.
Caranipun nangani kekirangan toya wonten sabin, inggih menika nganggo disel, lan banyunipun njupuk saking lepen. Lajeng menawi toya ingkang wonten lepen asat,, inggih saged ngangge jetPAM lan toyanipun menika njupuk saka sumur bor.
Sumur bor wonten desa Ganggang jeronipun namung 40-60 meter, inggih sampun medal toyanipun. Menawi sumur biasa menika jeronipun namung 8-10 meter.
Mbako menika ingkang ditanem inggih ingkang nduweni jenis kenanga utawa ingkang sampun dikenal tembakau bendungan, dadi idola petani mbako ing Kabupaten Purworejo. Jenisipun mbako menika dideleng mutune iku luwih apik, katimbang jenis liyane.
“ saka wiwit mbien wonten mriki sampun biasa nanem mbako jenisipun tembako bendungan”, ngendikanipun Dasio (40) salah sijining petani mbako  tiyang desa Ganggang  Purworejo, Kamis (10/12).
Ngendikanipun uga, petani wonten desa ing Purworejo kaya dene ing Desa Kemanukan, Piji lan sekitar. Wonten uga petani ingkang ngembangake tembakau Wonosobo, tembakau pasir lan liyane, namung regane menika luwih murah katimbang tembakau bendungan. “ Perkembangane apik, ananging regane esih kalah,” panjelasanipun Dasio sing ngendika, menawi reganipun murah ananging kangge jenis bendungan tesih payu antara 30- 40ewu per kg.
Lajengipun, sing tumbas menika luwih paham jenis tembakau satunggal jenis lan jenis liyane. Lan uga apal asal daerah mbako menika nanem wonten desa pundi,” ngendikane.












BANJIR TEKA MANEH

Wis adat saben, tekane mangsa rendheng kang tumiba ing sasi Desember nganti tekan tengah-tengahing April, dibarengi karo pawarta-pawarta kang ana gegayutane karo banyu udan, kayata banjir, angin lesus, lemah longsor, lan liya-liyane. Yen wis ngono, kabeh jinis informasi elektronik apadene medhia cetak kang sumebar ing masarakat, kayata radhio, tivi, internet, koran, lan sapanunggalane dikebaki dening pawarta banjir. Wiwit tangi turu nganti arep mapan turu maneh, pawarta banjir ora ana kendhate ngrenggani acara-acara ing medhia kasebut. Durung suwe ing wiwitaning sasi Januari kepungkur, banjir bandhang wis dumadi ing tlatah Jember Jawa Timur lan Wonosobo. Sawise kuwi ganti-gumanti liya dhaerah keterak banjir.
Kang kalebu banjir gedhe ing wiwitaning taun iki yaiku banjir kang dumadi ing pesisir lor Jawa utawa kondhange disebut pantura Jawa. Banjir kang dumadi ing tlatah iki meh rata saka tlatah kulon kang klebu dhaerah Jawa Barat nganti tekan pesisir sisih wetan kang klebu ing dhaerah Jawa Timur. Semono uga dhaerah pesisir Jawa Tengah, kalebu Semarang mangetan lan mangulon ora keri, melu kebanjiran. Malah miturut kabar saka medhia tivi lan surat kabar, ana tlatah kang keleban nganti suwene seminggu luwih, amarga ora asat-asat lan udan tetep grejih. Durung maneh, longsor lan banjir cilik-cilikan ing saben tlatah utawa kabupaten mesthi ana. Tundhone musibah saka banyu udan wis ora bisa diselaki maneh. Korban manungsa, raja kaya lan raja brana wis ora bisa kaetung maneh.
Saka musibah banjir kasebut yen didelok, saben taune nuduhake ora saya suda nanging suwalike malah saya gedhe lan dhaerah sing kena banjir saya rata. Apa ateges iki sing diarani jaman karusakan (kalabendu)? Nalika jaman saya maju lan akeh wong winasis, suwalike alam saya bubrah lan rusak. Endi sing kudu disalahake, manungsane apa alame?
Mangsa Akeh Butuhe
Ing sasi-sasi kaya ngene iki, ngancik sasi Juni nganti tekan Agustus, wis bisa dibedheg, inflasi luwih dhuwur tinimbang ing sasi-sasi sadurunge. Amarga ing sasi-sasi iki akeh warga masarakat padha ngoyak butuh lan akeh ngetokake wragad. Sing wragad kanggo sekolah, kanggo tuku sandhangan sekolah, tuku buku lan tas sekolah, kanggo plesiran, nganti kabutuhan kanggo mapagake sasi Pasa. Kanthi akehe butuh kang kudu dirampungake, mesthi wae akeh dhuwit kang kudu dicekel kanggo mbayar sakabehing kabutuhan mau. Nalika akeh butuh kang kudu dirampungake, mesthine rega-rega barang terus melu mundhak. Pancen bener, salah sijine conto, rega mlebu sekolahan, saben taune mesthi mundhak luwih saka 10%. Durung kabutuhan liyane, mesthi regane uga melu mundhak, kayata sandhangan, tas, sepatu, buku, lsp.
Akeh wong butuh dhuwit kanggo mbayar sakabehing kabutuhan sekolah. Yen pas ora ana dhuwit, apa kang diduweni bisa wae didol utawa digadhekake. Yen wis ngono papan-papan pagadhean dikebaki dening pawongan sing padha nggadhekake duweke, kayata emas, pit montor, mobil, laptop, lan sapanunggalane. Kang pokok enggal cekel dhuwit kanggo mbayar sekolah. Amarga nglebokake sekolah ing jaman saiki larangane ora jamak, wiwit saka TK nganti tekan Pawiyatan Luhur (Perguruan Tinggi). Kamangka yen mbayar sekolah, utamane dhuwit gedhung apadene sragam lan buku ora kena disemayani, lan kudu dibayar kenceng aliyas kontan.
Semono uga ngancik sasi Pasa utawa Ramadhan, mesthi rega-rega sembako bakal mundhak. Wis otomatis lan wis adat saben, saben taune. Yen rega-rega sembako padha mundhak, ateges anggone ngetokake dhuwit kanggo blanja tansaya akeh. Durung barang-barang lan jasa liyane kang magepokan karo Pasa lan Lebaran (Bada), mesthi ora kalah, kabeh melu mundhak. Mula saka kuwi, ing sasi-sasi iki memper yen diarani mangsa akeh butuh. Yen ora bisa ngendhaleni butuh, bener-bener bisa tombok.